Warung Canggih

Wis Seminggu neng Jepang Pakdhe Petruk karo Budhe Limbuk, akhire nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot. Robot teko nyedaki Pakdhe, trus ngomong:
"What is your nationality?", robote takon.
"Indonesia" jare Pakdhe.
"Selamat datang", jare robot nganggo bahasa Indonesia.
"Apa bahasa suku Anda?", robot takon meneh.
"Jowo", jare Pakdhe
"Sugeng siang. Badhé pesen nopo?" Jare robot nganggo boso jowo.
"Canggih yo bu?", Pakdhe Petruk ngomong karo Budhe Limbuk.
"Ono lotek?", budhe Limbuk takon karo robot.
Robot : "Ono."
Budhe : "Pesen rong porsi."
Robot: "Porsi gedhe opo cilik?"
Budhe : "Porsi gedhe."
Robot : "Lomboke piro?"
Budhe : "Sing siji loro, sing siji sepuluh."
Robot : "Nganggo kangkung?"
Budhe : "Yoo."
Robot : "Nganggo timun?"
Budhe : "Yoo."
Robot : "Nganggo kol?"
Budhe : "Yoo."
Robot : "Nganggo kol jowo opo kol asli Jepang?"
Pakdhe : "Sing endi wae lah manut!", Pakdhe Petruk mulai rodo nesu.
Robot : "Kacange diuleg opo diblender?"
Pakdhe : "sak kuuuwaaarepmu!"
Robot : "Kacange setengah mateng opo mateng?"
Pakdhe : "Goréng sing gariiiiiiing..!!"
Robot : "Nganggo bawang goreng, rak?"
Pakdhe : "Nganggo..., asu!" Pakdhe misuh banter banget.
Robot : "Dipiring opo dipincuk?"
Pakdhe : "wadahi waskom.. !"
Robot : "Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa?"
"Jelantah... wedhus!! !" Pak dhe Petruk nesu banget, soale wis sepuluh menit dhewe.
Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh:
Robot : "Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di suguhake..."
Pakdhe : "Nopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo to ndes?", jare Pakdhe emosi.
Robot : "Soale durung ono asune karo wedhuse..."
Pakdhe : "Diancuuuk...asssuu kowe.. Iso edan aku..!! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene, ra pathek'en.. !!!", Pakdhe Petruk nggondhok, ngomel2 lambene mecucu koyo ngemut linggis... @#%&@###@@%%%%%%$$

Comments